SAHADAT SEJATI

Bismillah nirahman nirrahim... Isun ngaweruhi sahadat sejati -Ashadu tibaning rasa, illallah sapatemu ning rasa, Muhammad sajati ning wujud,...


Bismillah nirahman nirrahim...

Isun ngaweruhi sahadat sejati

-Ashadu tibaning rasa, illallah sapatemu ning rasa, Muhammad sajati ning wujud, pangeran pancering urip

- Bis cahya ning dat, mil mulya ning dat, rohman sampurna ning dat, rahim sadjati ning dattullah, sifatullah, asmalullah, afalullah, ya isun badan rohani nyawa, roh idafi pancer-ing cahya (cahaya), kenteling-eling bongkot-ing sahadat teges-ing Bismillah.

-Isun ngaweruhing sajating ashadu isun, Allah jejuluk rasul asa muhammad, isun suarane, isun Gusti nurjali roh kang linuhung urip tan kenang pati, dat wit tanpa wiwitan, dat rat tanpa wekasan, dat les tanana kang kari, pada asih, pulang poe, panjang alam, sup masup ning keramatullah, manjing ning gedong tanpa tapakan melesat tapakan melesat saking pakuburan, aling-aling jisim manusa.

- Lebur badan dadi nyawa, jaba jero dadi nyawa kabeh, lebur nyawa dadi cahya (cahaya) jaba jero dadi cahaya kabeh, lebur dadi roh idafi kabeh, dat dzat samata, dat samata jasad iku lebur dadi nyawa, nyawa iku lebur dadi rasa, rasa iku lebur dadi sirna, mulih maring jatine Ya Hu, Ya Hu kumpuling urip geutih, katampanan ali putaning wiwitan, dat les ilang tanpa kerana, kang kari pada rupane, kang lunga pada rupane, ya Hu ilang.

- Sir manjing salira tetep langgeng jumeneng sabda angen-angen, tan sah kawula, kapurba, ka wisesa dening gusti, dat les iku enak tanpa kerasa mata-mutu tegesipun manuk jauhar, urip sajero ning manuk jauhar, lataqhayum sejero ning lataqhayum, urip sajeroning urip, angen-angen sajeroning angen-angen, rohani ya roh, ya nafas, ya muhammad, yaiku tetalining, yaiku kang andadekan sahadat zaman, zamane tirta ora kenang pati saumure langgeng pan sampurna.

- Bis jeneng Isun, mil salira Nisun, rahman nyawa nisun, sang nurrasa gumilang nama muhammad, ning jero muhammad ning jaba muhammad Ya Hu ora nana apa-apa iman mutahali bakal-ing muhammad, ya Allah, ya Rasul, ya Muhammad.

- Isun anjenengaken malige ing wetenge manusa, Sun arani dada, Sajeroning dada Qolbu, sajeroning Qolbu jejantung, sajeroning jejantung Budi, sajeroning budi jinem, sejeroning jinem suksma, sajeroning suksma rasa, sajeroning rasa isun sihing Allah, rawuhing Allah, bagea ya Rasulullah, ingkang dada iku astana ning Iman, Qolbu astana ning Iman, jejantung astaning dzikir, weruh yen kinaweruhan Gusti Allah ta'alla, iku ngutusi patemu mukharab wujud mata kang Sampurna, sifate, af'ale, ya iku kang jeneng manusa, eling den pakeling Ya Hu,,, Ya Hu.



1. "Allahuma anta Maqsuudi Wa ridhoka mathlubi atini mahabata wa marifataka", tawajhu kelawan dat-e Allah ta'ala kang Wajibul Wujud kang persifat kasugihan, kang persifat kasucian, kang persifat kasampurnaan, kang persifat kamulyaan, Gusti Allah iku sifate Sugih, Suci, Sampurna, Mulya, tawadhu kelawan Latifah QOLBI kang ana ning sore susu kiwa kada rong nyari renggange ya iku arane Latifah QOLBI, Latifah QOLBI iku kadodokan sifat rong puluh, mohal rong puluh, wenange siji lan kadodokan sifat ilmu akal baligh, cahyane kuning asale saking angin wilayahe kangjeng nabi Adam alaihi salam pujine ALLAHU ALLAH 100x
2. Ngalih maning panggonan kaping loro kang ana ning sasore susu tengen kada rong nyari renggange ya iku arane Latifah ROH, iku kadodokan Salbiyah sifat Nafsiah, sifat ma'ani ma'nawiyah, cahyane abang asale saking geni wilayahe kangjeng nabi Ibrahim lan nabi Noh alaihi sallam pujine ALLAHU ALLAH 100x

3. Ngalih maning maring panggonan kaping telu kang ana ning saduwure susu kiwa kada rong nyari renggange ya iku arane Latifah SIRRI, Iku kadodokan sifat adoma, sifat kibriyah, sifat kholaqi, sifat jajati, sifat hilmima'af, cahyane Putih asale saking bayu wilayahe kangjeng Nabi Musa lan nabi Harun alaihisallam pujine ALLAHU ALLAH 100x

4. Ngalih maning maring panggonan kaping papat kang Ana ning saduwure tengen kada rong nyari renggange ya iku arane Latifah KHAFI, Latifah KHAFI iku kadodokan sifat kamal, sifat jamal, sifat jalal, sifat qohar cahyane Putih wilayahe kangjeng Nabi Isa lan Mariam asale pada lan Nabi Musa alahisallam pujine ALLAHU ALLAH 100x
5. Ngalih maning maring panggonan kaping lima kang ana ning sabelah tengahe dada bener, yaiku Latifah AKHFA, Latifah AKHFA iku kadodokan rong puluh, wenange sida, cahyane Ireng asale saking bumi wilayahe kangjeng Nabi Muhammad Salallohu Walahisallam pujine ALLAHU ALLAH 100x
6. Ngalih maning maring pangganonan kaping nenem kang ning sirah bener yaiku arane Latifah NAFSI, Latifah NAFSI iku kadodokan sifat majmal lan sifat 'alamur amri alam kang luwih rameh kadodokan Baetul Mukhdas lan makmur, panggone para nabi, para wali, para masahih kabeh cahyane ijo wilayahe sugro nabi sakabeh alahisallam pujine HU...HU 100x
7. Ngalih maning maring panggonan kaping pitu kang ananing sakabahe bada yaiku arane Latifah QOLAB awit saking sirah tumeka maring dampal sikil terus maring kuku, wulu, otot, geutih, daging, kulit, bebalung, sumsum, jeuroan, sakabeh pujine pada bae ILALLAH,,,ILALLAH 300x


 

Rahayu Sagung Dumadi, mugi-mugi sae manah, atining suci, bening pipikiran.


Silahkan anda mencari guru Thoriqoh apa yang terkandung dalam Sahadat Sejati ini.

COMMENTS

Name

7 Latifah,1,7 Nafsu,2,Adab,1,Aksara,2,Amalan,1,Asal usul,3,Asma Sirrullah,2,Asmaul Husna,1,Bid’ah,1,Chakra,1,Doa,5,Dzikir,9,Dzikirullah,1,Filsafat,1,Filsafat Sunda,2,Guna-guna,1,Hakekat,1,Hikmah,3,Ilmu Hikmah,4,Imam Asy-Syafi’i,2,Istighfar,1,kata,4,Kata Mutiara,2,Kawruh,1,Kenatian,1,Khidir,1,Lemah Sagandu,1,Lucu,5,Makna Al Quran,1,Marifatullah,3,Martabat 7,4,Metoda Dzikir,1,Mutiara Nasehat,2,Nafsu,1,Naskah Kuno,1,Pangrajah,1,Papat Kelima Pancer,1,Pembalik Sihir,1,Qadiriyah Wa Naqsabandiyah,5,Qalb,1,Rumah Tangga,1,Sahadat,4,Sejarah,1,Shalat,1,Sholawat,53,Spesial,2,Suluk,1,Syariat,1,Syekh Siti Jenar,5,Tabbayun,1,Tarekat,4,Tasawuf,6,Tauhid Jati,1,Tawasul,7,TQN,2,Wacana,11,Wejangan,2,Wirid,2,Ziarah,1,
ltr
item
Cerita Lucu Unik Dan Inspirasi: SAHADAT SEJATI
SAHADAT SEJATI
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhdmGw4_bULjqsGnNXL6OgCXVdCUV47gmsKVK4sMnG_t15Iun3hafcQ9sSOYxPzQD8Hc_2RX14YB06OK2trOtfDjpkzlh_DDI5I7G4tlW74SfpTJCgaqcdidfpC2M72W9eIRXG9xmCLll4T/s320/Sahadat+Sejating+Ingsun.jpg
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhdmGw4_bULjqsGnNXL6OgCXVdCUV47gmsKVK4sMnG_t15Iun3hafcQ9sSOYxPzQD8Hc_2RX14YB06OK2trOtfDjpkzlh_DDI5I7G4tlW74SfpTJCgaqcdidfpC2M72W9eIRXG9xmCLll4T/s72-c/Sahadat+Sejating+Ingsun.jpg
Cerita Lucu Unik Dan Inspirasi
http://celudi.blogspot.com/2016/09/sahadat-sejati.html
http://celudi.blogspot.com/
http://celudi.blogspot.com/
http://celudi.blogspot.com/2016/09/sahadat-sejati.html
true
8014605338363470633
UTF-8
Loaded All Posts Not found any posts VIEW ALL Readmore Reply Cancel reply Delete By Home PAGES POSTS View All RECOMMENDED FOR YOU LABEL ARCHIVE SEARCH ALL POSTS Not found any post match with your request Back Home Sunday Monday Tuesday Wednesday Thursday Friday Saturday Sun Mon Tue Wed Thu Fri Sat January February March April May June July August September October November December Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec just now 1 minute ago $$1$$ minutes ago 1 hour ago $$1$$ hours ago Yesterday $$1$$ days ago $$1$$ weeks ago more than 5 weeks ago Followers Follow THIS CONTENT IS PREMIUM Please share to unlock Copy All Code Select All Code All codes were copied to your clipboard Can not copy the codes / texts, please press [CTRL]+[C] (or CMD+C with Mac) to copy